Fiksi – Edukasi – Humaniora

Abu Nawas  Soko Gunung Bromo

Fiksi – Edukasi – Humaniora

Abu Nawas  Soko Gunung Bromo

Ceritone abu nawas versi lokal…

Ing sawijining desa cilik ing perenge gunung bromo, urip sakaluarga. Bapak e jenenge pak Ali dening ibune jenenge bu Umi. Pak Ali lan bu Umi urip seneng tentrem ora kurang opo-opo. Pak Ali duwe anak samata wayang sing jenenge Abu Nawas. Abu Nawas iku bocahe pinter uga akeh akale. Deweke duwe konco akeh uga mergo pinter kekancan. Ing sekolah, abu uga dikenal seneng tinulung lan sopan. Guru-gurune Abu Nawas seneng banget karo dheke.

Dino-dino iki, ing desa ne Abu Nawas lagi akeh bocah dolanan facebook. Warnet utawa warung internet ing desane mesti rame saben dinone. Ing desane Abu Nawas warnet mung ono 2. Wajar yen mung ono 2, amarga pancen daerah e abu iku ijik kalebu daerah sing terpencil cedhak gunung Bromo, adoh karo kutho gedhe.

Salah sawijine warnet ing cedhake kantor kepala desa sing sijine ing ngarepe sekolahane Abu Nawas. Meh kabeh koncone Abu Nawas duwe facebook. Semono uga karo Abu Nawas. Abu Nawas uga duwe facebook. Malah koncone Abu Nawas ing facebook wis sampek 2000 luwih. Tapi Abu Nawas gak patek sering update status koyo kanca kanca ne.

Ing sawijing dino, koncone Abu Nawas ngejak abu menyang warnet gawe facebookan. Abu Nawas duwe konco cedhak cacahe 2 Budi lan Adi. Abu Nawas lan kanca kance ne menyang warnet bar mulih sekolah. Internetan ing warnet iku bayare 3000 saben sak jam. Lah Abu Nawas orah duwe dhuwit blas amargo dhuwit sangue dino kuwi wis di tabung ing gurune.

Abu Nawas mikir piye cara ne ben iso tetep  internetan masio deweke ora duwe dhuwit. Akhire deweke menyang sing jaga warnet. Sing jaga warnet iku tanggane abu dewe, jenenge pak Dodik. Pak Dodik iku sing duwe warnet.

Abu ndelok pak Dodik kethok kesel banget dino kuwi. Mungkin mergo pak Dodik wis jaga warnet wiwit esuk sampek meh sore. Abu nduwe akal supaya bisa internetan gratis. Trus abu matur marang pak Dodik.

“ Pak Dodik, njenengan kengeng napa? “..

“ Kenek apa, apa se le? “.. Pak Dodik nyauri.

“ Lah, njenengan niku ketingale sayah sanget ngoten pak..”

“ Iyo e le, aku wis jaga warnet wiwit esuk, iki aku yo durung mangan. “ Pak Dodik nyauri maneh.

“ duh pak, nggeh pun. Ngeten mawon pak. Warnet e kulo jagi mawon pak. Pak Dodik enggal dhahar trus istirahat rumiyin.”

“ wah le, kowe apik tenan yo.. yowis bapak tak mangan sek ya. Tulung jagak e warnet e , nek arep internetan langsung ae internetan ning komputer e bapak kene”

Ing batine Abu Nawas ngomong, “yes….berhasil”…

Banjur Abu Nawas mangsuli karo mesem“ nggeh pak, kulo jagi ne warnet e..”

Dasare Abu Nawas pinter golek akal lan pinter ngomong, dadi akhire Abu Nawas isa facebook an gratis ing warnet e pak Dodik. Budi lan Adi uga ngomong menyang Abu Nawas yen abu pancen akeh akale, iso ae golek gratisan.

Banjur kuwi abu facebookan karo atine bungah. Konco-konco ne uga mulai internetan. Deweke langsung mbukak facebook. Ndelok-ndelok status konco konco ne lan uga ngomentari status sing apik lan lucu.

Banjur ngono, Abu Nawas uga mbukak google gawe golek bahan pelajarane deweke. sak liyane gawe facebookan, Abu Nawas sering migunaake internet gawe golek bahan bahan pelajaran. Internet pancen akeh gunane sing positif. Asal ojo gawe ndelok sing porno ya

Sak jam banjur kuwi, pak Dodik balik menyang warnet. Pak Dodik matur suwun lan menehi apel lan jeruk sing di gowo soko omahe. Pak Dodik matur apel lan jeruk kuwi gawe oleh oleh nek omah. Piker e Abu Nawas, alhamdullah……. , wis iso internetan gratis, mulih disangoni jeruk lan apel pisan.

Sadurunge mulih, Abu Nawas uga menehi Budi lan Adi apel sing diwenehi pak Dodik. Abu Nawas pancen loman marang konco koncone.

In dalan mulih, ono kejadian sing lucu. Mungkin amarga kresek nggone abu nggowo apel lan jeruk kuwi kurang kuat, banjur kresek e mbrodol mak brul … trus jeruk lan apele padha mlayu dewe dewe. La dalah kog yo pas, kresek e mbrodol ning dalan njojlog, dalan miring. Dadi apel lan jeruk e Abu Nawas podo mlayu dewe dewe balapan mudhun dalan. Abu yo bingung karepe dhewe. Apel lan jeruk e ngglundung mak glundung glundung glundung sampek ngisor dalan sing rata.

Banjur iku Abu Nawas mikir, piye cara ne gowo apel lan jeruk iku. Soal e kresek e wis jebol ora iso di gawe maneh. Lah tase abu yo cilik banget ora cukup gawe nggowo barang liyo.

Abu milihi apel lan jeruk iku ing pinggir dalan. Diresiki siji-siji karo tetep mikir piye cara ne gowo apel lan jeruk kuwi. Tengah e mikir, abu ndelok kali cilik ing pinggir dalan. Gak podho koyo kali ning kutho. Kali ing pegunungan iku bener-bener isik resik lan jernih ora ono sampah sing numpuk. Iku uga amarga wong-wong desane Abu Nawas ngerawat kali iku lan ora mbuak sampah sembarangan.

Moro moro Abu Nawas duwe akal maneh. Abu banjur nyemplung ne apel lan jeruke menyang kali, tepakan kali iku yo ngalir sampek ngguri omahe Abu Nawas. Wis langsung ae Abu Nawas nyemplungne apel lan jeruke terus mlaku ngetutne sampek ing ngguri omahe.

Ing ngguri omahe, Abu Nawas njupuki apel lan jeruk jeruk kuwi. Apel lan jeruk e akhir iso digowo mulih lan tambah resik pisan soal e wis di umbah nek kali.

Pikire Abu Nawas dino kuwi deweke mujur tenan lan bersyukur alhamdulilah marang gusti Allah. Tapi luwih soko mujur sabenere iku kabeh amarga Abu Nawas pinter golek akal gawe ngadepi masalah masalahe. Jan Abu Nawas pancen pinter lan akeh akale.

Mocha Majid, 2013

Mau tau tulisan saya selanjutnya?

We will process the personal data you have supplied in accordance with our privacy policy.